Jumat, 23 November 2012

KALAH SAINGAN

KALAH SAINGAN


.

Critane Sardot lagi curhat karo kancane sing jenenge Sodron.. 


Sardot : "aku nduwe masalah dron.."



Sodron : "kepiye to dot?mbok menowo aku iso ngrewangi.." 



Sardot : "ngene dron.. Aku nembe

kenalan karo cewek jenenge Juminten.." 



Sodron : "Trus..kowe seneng karo dekne pow?" 




Sardot : "Iyo dron,.tapi masalahe aku nduwe saingan.." 




Sodron : "sopo dot..?" 




Sardot : "jenenge Mukri dron..tapi aku minder..kalah sak kabehane."




Sodron : "kalah kepiye dot?" 




Sardot : "mukri sapine akeh.. Aku

mung nduwe ingon ingon pitik..kuwi wae PILEREN kenek plu burung.." 




Sodron : "ora masalah dot..Podho podho keno dibeleh.." 


Sardot : "mukri omahe gedong tingkat apik.. Omahku yo gedong..tapi gedong anyaman PRING.." 


Sodron : "ora popo dot.. Sing penting iso nggo ngiyup.." 


Sardot : "mukri sawahe akeh, aku
utange akeh.." 



Sodron : "lho pancen asline awakmu kuwi dot.. warisan seko wong
tuwo,.hahahaha" 



Sardot : "mukri tumpakane sedan apik.. lha aku tumpakane mobil plat KUNING bareng wong akeh.." 


Sodron : "ora masalah dot..sing penting rak podho podho tekan nggone.." 


Sardot : "mukri rupane gagah banget koyo ariel,.lha rupaku pating pecothot ngene.. endi sing irung endi sing lambe.., salip salipan untu mbi irung dron" 


Sodron : "lha nek kuwi rodo angel.. Mugo mugo wae juminten mripate PICEK dot.. Ketoe kabeh mau ora tak anggep masalah lho... Wes pokoe kowe kudu Maju terus lali mundur dot!" 


Sardot : "bab terakhir iki sing aku ora iso menang nglawan mukri..." 


Sodron : "opo kuwi cah bagus?" 


Sardot : "Masalah TABUNGAN..aku
mung nduwe tabungan AMAL..
.
.
lha mukri duwe tabungan .........
. .
.
.
.
.
. .
.
.
.
.
. .
.
.
.
.
. .
.
.
.
.
. .
.
.
.
.
. .
.
.
.
....ANAK... 



NENG WETENGE JUMINTEN..." 


Sodron : "Ora masalah dot.. Nyoh ki tambang.. NDANG NGGONEN KONO !!" 


*sardot nangis guling koming

Tidak ada komentar:

Posting Komentar